Selamat Datang Di Kota Batik Pekalongan.Portal Penulis Pekalongan Dan Sekitarnya.Sahabat Media Juga Dapat Mengirimkan Informasi Sekitar Pekalongan Melalui Email : dhimashr@gmail.com Atau Sms Online Di 0815 480 92192***###########***Swanten Qustique Lagi Nyari Singer Cewe Yang Suka Banget Ma Lagu2nya Nicky Astrea. Yang Merasa Punya Hoby Nge Rock Dengan Bit Bit Slow Silahkan Persiapkan Mental Buat Gabung Bareng Kita Yaaak. Wilayah Comal Bojong Sragi Diutamakan Untuk Mempermudah Jarak Tempuh.SMS Dulu Juga Boleh......

Friday 12 September 2008

Berita Hari Ini » Comal Bang Get

Comal Bang Get

0 comments
Longo Areng Pasar

Pas dino minggu wingi kae ho nyong lungo aring pasar ngerti. nyong melu ibu tuku belonjo akeh nemen soale ape di masak nggo buko poso bareng - bareng sorene.

pas nang pasar kui aku be weruh om Riyono isheg belonjo ayam karo casim soale om riyono tah dodol mie ayam nek sore. pokoke seneng nemen yakin ah. pancen rodho kesel tah wong mlaku - mlaku nang jero pasar opo maning wonge khan akeh nemen dadine yo suk sukan nemen, meh bae nyong pisah karo ibu wong ibu'e sich tuku lombok ko ora ngomong - ngomong dadine akune yo bingung ra tapi untung aku sheg weruh ibu dadine ora sido pisah alias ilang hehehe.

kanca - kancaku kabeh sing lagi moco surate nyong kiye,
sampeyan wis podho lungo aring pasar durung sakpele wulan poso kiye ?
mugo - mugo yo wis tah soale nek durung wah...ojo kaget ho nek nang jero pasar kui wonge akeh nemen tur suk sukan, mulane palango sing sabar bae ho.

oh yo, jarene ibu sich rego - rego be akeh sing podo mundhak. bisane sich ho nyong ko ora ngerti. padahal barange tah isheg utuh pdoho tapi ko bisane mundhak. mulane sich ibu ora gelem nukoke aku daging sapi wong jare regane luwih kadi seket ewu, haaah seket ewu ?? ko larang temen ho ? berarti bakso yo gelem mundhak tah regane ho..aduh lah mengko ibu gelem nukoke bakso pora ho ?

mbak mbak opo mas mas
mbok tulung baksone ojo mundhak sich regane ben ibu'e nyong gelem nukoke aku. ah..nek mundhak yo pora sing penting ojo larang - larang bae tah.

nah...sak bare ibu wis rampung belonjo, aku di kongkon ngundang om tukang becak soale belonjone ibu' akeh nemen wong aku njunjung sing sak plastik be koyo meh ora kuat saking abote. akhire yo aku ngundang tukang becak ra men di gawake om tukang becak bae. terus aku numpak becak e sisan bali aring ngomah karo ibu nopo tapi ora sidho tuku bakso soale jare ibu duite wis entek kanggo belonjo turahe mung sitik pas - pasan nggo mbayar becak kadi pasar tekan ngomah.melas ho !

ora popo wis. sing penting aku wis ngrewangi ibu belonjo aring pasar rasane seneng nemen. soale melas ibu' ra nek ora di rewangi. sampeyan wis podho ngrewangi ibu'e durung hayooo ?? di rewangi ra melas .

nah kanca - kanca semen dhisik critane ho ngko di sambung kapan - kapan maning po'o ho . suwun kye ah.

Dian Timur
Comal


0 comments:

Pasang Iklan Gratis